Cover Image
Sinom punika aranipun ron asem ingkang takseh enem, nembe tuwuh semi. Parijatha punika aranipun tetuwuhan. Uwohipun memper anggur ananging alit. Warni abrit, raosipun sepet campur kecut. Watakipun tembang Sinom seneng. Nun inggih ibaratipun taksih mudha nembe tuwuh kados ron asem ingkang nembe semi. Sanadyan mranggulangi lampah sepet utawi kecut wonten ing bebrayan agung ananging tetep karaos remen.
Pupuh sinom pada 15 tuwin pada 16 misuwur kanthi sebatan Sinom Parijatha. Tembang macapat sinom punika kinandhut wonten ing serat Wedhatama anggitanipun eyang Mangkunegara IV. Sinom Parijatha nyariosaken Panembahan Senapati mudha ingkang kagungan watak utama. Minangka priyagung tuhu pantes tinuladha dening tiyang Jawi. Wondene cakepanipun kados kaserat wonten ngandhap punika :
Pada 15
Nuladha laku utama // Tumrape wong tanah Jawi // Wong agung ngeksi ganda // Panermbahan Senapati // Kepati amarsudi // Sudanen hawa lan nepsu // Pinepsu tapa brata // Tanapi ing siang ratri // Amemangun karya nak tyas ing sasama
Pada 16
Samangsane pasamuwan // Memangun marta martani // Sinambi ing saben mangsa // Kala kalaning asepi // Lelana teki-teki // Nggayuh geyonganing kayun // Kayungyun eninging tyas // Sanityasa pinrihatin // Pungguh panggah cegah dhahar lawan nendra
Andharanipun nun inggih :
Nuladha laku utama tumrape wong tanah Jawi. Wong agung Ngeksi ganda. Ngeksi tegesipun ningali migunakaken paningal utawi mata. Ganda ingkang kakersakaken nun inggih ganda arum. Tembung rinakit dados mata arum, kaucapaken dados Mataram. Wong agung Mataram anenggih Panembahan Senapati. Anggenipun mersudi lampah utama estu-estu mantheng, kanthi nyuda hawa dalasan nepsu. Ugi anglampahi tapa brata utawi lampah prihatin ing wekdal siang miwah dalu. Dalasan damel remen manahipun sasama.
Wonten ing sesambetan saben dintenipun tansah mawas dhiri. Sanadyan jejering priyagung boten kumalungkung. Saben wonten wekdal longgar tansah ngupaya anglampahi tirakat. Anggayuh pikajengan niat utama. Kayungyun eninging jiwa weninging cipta. Tansah anjagi lampah prihatin. Puguh tirakat kanthi nyuda dhahar miwah sare.