Prayogi siyaga ing gati sawega ing dhiri nalika nindakaken sadaya lampah kabecikan. Dhahar sahur mujudaken kasiyagan miwah kasawegan nindakaken siyam sadinten wetah wiwit wanci subuh ngantos wanci magrib. Kasiyagan mungguhing raga kersanipun birawa tuwin prakosa. Wonten ing raga ingkang prakosa nedahaken wontenipun jiwa ingkang santosa. Sadangunipun nindakaken siyam boten ngirangi olahing raga. Awit nalika siyam saking lebet raga ambabar daya tuwin semangat. Semangat tuwuh anglangkungi tinimbang nalika boten nglampahi siyam. Tuwuh makantar-kantar, saking lebet raga tenaga ingkang kasimpen medal sakalangkung ageng. Mila langkung sengkud anggenipun nindakaken jejibahaning titah. Kados ingkang sampun katindakaken dening kanjeng nabi dalasan para sahabat. Sauger ngedali perang ing wulan siyam tinamtu kasil nyirnakaken mengsah. Punika tandha yekti bilih nalika nglampahi siyam ambabar semangat ingkang murub datan saget kasirep. Manawi wekdal samangke wonten ingkang aras-arasen nalika nglampahi siyam, bokbilih punika klentu niatipun. Nganggep siyam satunggaling lampah awrat tuwin rekaos, mila kedah nyingkiri olahing raga. Karana gadhah pamanggih makaten mila ingkang katampi inggih raos awrat, rekaos tuwin aras-arasen. Sejatosipun titah sawantah badhe nampi punapa ingkang dados niat miwah ingkang dipunpenggalih. Menggalih awrat, tinamtu ingkang tinampi inggih raos awrat. Menggalih semangat ingkang tinampi ugi ubaling semangat.
Kajawi nyiagakaken raga lampah siyam ugi nyawegakaken jiwa. Jiwa kalawan raga loro-loroning atunggal. Jiwa ingkang menep badhe ginayuh manawi katindakaken kanthi raos tulus iklas, pasrah sumarah, madhep manteb marang Gusti Ingkang Murbawasesa. Sasampunipun dhahar sahur prayogi kangge mawas dhiri, nyuwun pangapunten ingkang sakageng-agengipun dhumateng Gusti Allah, emut dhumateng kalepatan ingkang sampun kawuri. Tan kendhat tansah andedonga mugi tansah pinayungan karaharjan tinebihna saking sambekala. Wekdal sasampunipun dhahar sahur satunggaling wekdal ingkang becik kangge nyenyuwun punapa kemawon. Awit ibaratipun Gusti Allah nembe tumurun wonten langiting marcapada mirsani lageyane para manungsa. Sapa sing nyenyuwun bakal kinabul, sapa sing andonga bakal tinampa.
Sejatosipun lampah siyam punika sampun kalampahan dening para leluhur duk ing uni. Kados ngendikanipun Gusti Allah Ingkang Maha Wikan : He.. sira sing padha iman kawajibake marang sira kabeh laku pasa kaya sing kawijibake marang leluhur sadurunge sira supaya sira kabeh dadi takwa. Para leluhur Jawa sampun sami nindakaken maneka warna siyam. Wonten siyam mutih, ngrowot, ngidang, pati geni lan sapiturutipun. Sadaya pikantuk manpangat jumbuh kaliyan niat miwah kapitadosanipun sowang-sowang.