Cover Image
Wiwit jaman kina-makina para leluhur migunakaken bengawan minangka sarana lelungan. Mila papan ingkang cepet ngrembaka dados reja nun inggih papan ingkang caket kalawan bengawan ugi papan ingkang caket kalawan samodra. Kados papan-papan ingkang wonten pinggiring bengawan Solo ugi papan pesisir. Wonten carios ingkang kawentar ngantos dumugi sakmangke nun inggih nalika Joko Tingkir lelana dhumateng Dhemak migunakaken gethek ingkang lumampah nrajang ilining bengawan. Gethek langkung alit tinimbang prahu. Prahu utawi baita kalebet titihan ingkang yekti wigati. Saget kangge momot sadaya kabetahan, saget kangge sarana dol tinuku. Kados Pêkên Kambang wonten ing Banjarmasin, ingkang taksih lestari ngantos dumugi sakpuniki.
Wonten tanah Jawa kathah prasasti kina kapanggihaken mapan wonten ing pinggir bengawan. Punika tandha yekti bilih wiwit jaman kina-makina bengawan minangka jalur wigati tumrap lalu lintas saking papan satunggal kaliyan papan sanesipun. Tinamtu kemawon titihan ingkang kaginakaken nun inggih prahu. Ateges prahu lumampah anut ilining bengawan winastan milir. Saget ugi nungsang ilining bengawan winastan mudhik. Wiwitanipun prahu namung migunakaken welahan utawi dhayung. Sinareng mobah musiking jaman lajeng angginakaken mesin. Kanthi kalampahaken mesin tenaga manungsa boten kaginakaken malih. Malah prahu saget lumampah langkung rikat kanthi tenaga mesin.
Dangu-dangu prahu boten namung ngambah bengawan, ananging saget ngambah awang-awang. Kadadosan ingkang adamel cingak. Prahu saget mabur pindha kukila, satemah datan dhawah ing lemah. Wekdal samangke prahu ingkang ngambah awang-awang winastan montor mabur. Tinamtu lampahipun kedah langkung rikat supados boten dhawah ing lemah. Mabur ngambah jumantara ngubengi donya kanthi wekdal namung sedhela. Montor mabur saget kaginakaken kangge punapa kemawon gumantung kabetahan. Saget kangge kabetahan perang nelukaken mengsah, saget kangge damel jawah, saget kangge titihan lelungan lan sapiturutipun. Ingkang damel ngungun montor mabur ageng saget momot gangsal atus piyantun. Ateges agengipun sami kaliyan bus cacah sadasa. Kados montor mabur ingkang kaginakaken dening para jamaah haji. Kawontenan makaten sampun karamal dening leluhur. Tuhu kesdik ing pamawas waskitha ing lampahan. Prekawis ingkang dereng kadadosan sampun saged kababar saderengipun, kalebet prahu lumaku ing awang-awang.