Kreta punika satunggaling titihan para pangageng kraton. Adat ingkang sampun sinengker wonten ing kraton bilih samubarang punika kaanggep pusaka. Mila kaparingan asma, kalebet kreta. Antawisipun kreta Kanjeng Nyai Jimat, titihan kraton Ngayogyakarta wiwit saking Sri Sultan Hamengkubuwono I. Nalika tindak lelana kanjeng Sultan nitih kreta ingkang tinarik dening turangga utawi jaran. Wonten malih kreta Kyai Garudha Yeksa titihan kraton Ngayogyakarta wiwit saking Sri Sultan Hamengkubuwono VI. Kyai Garudha Yeksa tinarik dening jaran cacah wolu. Jaran kapilih ingkang pethingan pideksa miwah birawa santosa. Miturut asalipun kreta kalawau kadamel dening bangsa manca. Nun inggih bangsa Walandi ingkang wekdal semanten sampun hanjrah dumugi wonten ing tanah Jawa kanthi niat ulah dagang. Karana kalangkung raketing sesambetan, mila pangageng bangsa Walandi caos bebungah dhumateng kanjeng Sultan arupi kreta. Sinebat kreta kencana. Kencana tegesipun emas. Dados kreta ingkang kacaosaken yekti ageng pangajinipun prasasat pindha emas. Bangsa Walandi tuhu julig, awit sampun caos bebungah tinamtu gadhah pikajengan ingkang sinengker. Tuladhanipun nyuwun idi palilah kepareng mangun loji wonten tlatah ingkang dados reh-rehanipun Sri Sultan. Mila ngantos dumugi wekdal samangke kathah loji tilaranipun bangsa Walandi wonten ing tlatah Ngayogyakarta miwah Surakarta. Malah satunggaling loji ingkang wonten ing tlatah Surakarta, katelah loji Gandrung taksih kaginakaken dumugi wekdal samangke minangka dalem palereman Walikota Surakarta Hadiningrat.
Kawontenan dados rikat gumantos, sasampunipun bangsa Eropa kasil yasa mesin ingkang angginakaken bensin. Prasasat jaran sampun boten kabetahaken malih. Kreta sampun boten tinarik dening turangga. Awit mesin ingkang kapasang sampun saget mahanani kreta lumampah piyambak tanpa tinarik dening jaran. Tegesipun wonten kreta lumampah tanpa jaran. Kreta tanpa jaran kasil rinakit dening bangsa Eropa ingkang papanipun tebih kapalang samodra. Sanadyan makaten sawabipun ngantos dumugi tanah Jawa. Awit para pangageng kraton ing tanah Jawa sampun kagungan sesambetan kaliyan bangsa Eropa mliginipun bangsa Walandi. Satemah kreta tanpa jaran ugi kalampahan dumugi tanah Jawa. Kreta tanpa jaran ingkang sepisanan lumebet tanah Jawa katelah 𝑩𝒆𝒏𝒛 𝑽𝒊𝒄𝒕𝒐𝒓𝒊𝒂 𝑷𝒉𝒂𝒆𝒕𝒐𝒏. Nun inggih kagungan dalem Sinuwun Pakubuwono X.
Hanjrahing kemajengan teknologi mesin cepet sanget mekaripun. Ngantos dumugi wekdal samangke sadaya piranti migunakaken mesin. Samubarang dados gampil miwah cepet dadosipun. Kawontenan makaten sampun karamal dening leluhur. Tuhu kesdik ing pamawas waskitha ing kawontenan. Prekawis ingkang dereng kalampahan sampun saged kababar saderengipun, kalebet kreta tanpa jaran.