Cover Image
Lelungan dhedharatan sarananipun ambetahaken margi. Lumampah, nitih turangga punapa dene nitih kreta tinamtu miyos margi ingkang gumathok tumuju satunggaling papan. Margi ingkang kalebet wigati tinamtu kajagi murih saenipun. Kadamel rata boten gronjalan, boten nuwuhaken bleduk nalika wanci ketiga, gesek sanadyan wanci rendheng. Wiwit jaman kina-makina, margi minangka kaca brenggalaning kamakmuran. Margi ingkang awon nedahaken bilih para pangarsa boten menggalih kamulyaning kawulanipun. Kosok wangsulipun, margi ingkang karumat sae punika nedahaken pangarsa sanget anggenipun menggalih kamulyaning para kawula. Kanthi margi ingkang sae dados gangsar samudayanipun. Badhe lelungan rumaos gampil, badhe sade asil tetanen dhateng peken ugi gampil.
Wiwit bangsa Eropa kasil yasa mesin, titihan dharat lajeng angginakaken mesin. Jangka Jayabaya ugi nalisik bilih bakalipun wonten kreta tanpa jaran. Wekdal samangke sampun kadadosan. Kepara malah sansaya kathah cacahipun. Saben kulawarga prasasat kagungan mobil. Kreta tanpa jaran punika dados kabetahaning agesang. Mila boten mokal bilih wekdal-wekdal tinamtu kathah mobil ingkang ngebaki margi. Tundhonipun lelampahan dados macet. Kangge ngawekani pambengan lelampahan lajeng kadamel margi sundha. Tegesipun wonten margi ingkang mapan ing sanginggiling margi. Punika mapanipun wonten ing tengah-tengah kitha. Manawi margi saking satunggal kitha tumuju kitha sanesipun kadamel margi tol. Tembung tol asalipun saking basa manca, nun inggih tax on location. Tegesipun kedah ngedalaken prabeya manawi angginakaken.
Wonten malih titihan dharat ingkang migunakaken rel, sinebat sepur. Sepur ugi saget ngirangi kamacetan wonten ing margi. Awit lampahipun migunakaken rel, prasasat boten wonten ingkang angganggu damel. Rel namung kaginakaken piyambakan. Mila tindakan nitih sepur langkung gangsar prasasat tanpa pambengan. Wontenipun sepur kawiwitan dening bangsa Walandi ingkang anjajah ibu pertiwi. Kirang langkung tahun 1864 Nederlandsch-Indische Spoorweg Maatschappij (NIS) miwiti mangun jalur sepur wonten ing tanah Jawa. Kanthi pangajab anggangsaraken anggenipun ngangkut pametuning asil bumi miwah barang tambang tumuju pelabuhan. Salajengipun kakirim dhumateng nagari Walandi lumantar kapal. Karana rel sepur kadamel saking wesi miwah panjang nglawer pindha kalung, mila boten lepat manawi winastan tanah Jawa kalungan wesi. Kawontenan makaten sampun karamal dening leluhur. Tuhu kesdik ing pamawas waskitha ing lampahan. Prekawis ingkang dereng kadadosan sampun saged kababar saderengipun, kalebet tanah Jawa kalungan wesi.